
|
Budaya banjir apa mbudayakna banjir
|
Ditulis oleh Setiyono Kategori Opini masyarakat
|
|
31 Maret 2008
|
Maning maning banjir, banjir maning maning, kepriben sih negara Indonesia kiye. Neng koran, neng tivi, neng radio beritane banjir kabeh. Nganti sing maca tulisan kiye juga banjir kringete.
Pancen seiki ana kebudayaan anyar sing ana neng Indonesia, kuwe mau kebudayaan banjir. Sih bisane kebudayaan banjir ??
Yen dhewek ndeleng neng tivi atawa neng koran, rata-rata kota utawa daerah sing banjir kuwe wis dadi langganan. Kaya daerah ibukota sing saben tahun mesti kebanjiran terus. Dongene yen wis ngerti saben taun banjir kah mesti cepet cepet ditanggulangi, tapi malah ora ana ujude sama sekali.
Pemerintah kudune tanggap maring masalah kiye. Yen wis ngarti saben taun banjir ya golet solusine ben ora banjir kepriben aja kakean korupsi tok. Yen kaya kiye terus kah jelas-jelas ngebudayakna banjir, trus sing rugi ya rakyate.
Kepriben Kiye ....
|
Ingin mendapatkan informasi lebih lanjut, cari di google search di bawah ini
Kembali...
|